« »
« »
« »
puteragentan

Jumat, 11 Oktober 2013

PARIKAN JAWA 2

•> Peyek di remet rasane ora enak
•> Di campur klopo di gae lawuh bothok
•> Sirah mumet mikir butuhe anak
•> Tanggale tuwo anak njaluk kathok

•> Iwak peyek iwak belanak
•> Yen digoreng tambahi lengo
•> Duwik entek gae nyenengno anak
•> Bojo dirombeng ijolno clono

•> Numpak jaran di cegat preman
•> Preman nggowo kampak karo munggah mejo
•> Aku heran nyawang superman
•> Nganggo s*mpak kok ning jobo

•> Weruh preman turu ngisor mejo
•> Coklat wernane di uyuhi kodok
•> Weruh superman s*mpake ning jobo
•> Gek piye bentuke yen supermane wedok

•> Lungo Russia tuku sepatu
•> Ireng wernane koyok papan catur
•> Masio Indonesia kalah dua satu
•> Roso nasionalisme ojo nganti luntur

•> Lungo Pati tuku buah blewah
•> Numpak baracuda nabrak wit klopo
•> Masio wengi iki Indonesia kalah
•> Nanging garuda tetep ing dodo

•> Enek kebo gedhe awake
•> Kulite ireng bedho karo kulite sapi
•> Dino rebo tanggale slawe
•> Lungguh anteng ning ngarep tipi

•> Weruh sapi sobo ning tegalan
•> Sapi asli Russia di ekspor tekan cina
•> Lungguh ngarep tipi ndelok bal-balan
•> Antarane Indonesia lawan Palestina

•> Jambu kluthuk di leboke ning grobak
•> Grobake telu di surung tekan Arab
•> Kowe entuk nutupi rupo mu nganggo jilbab
•> Nangin ojo tutup ati mu tanpo sebab

•> Buah duku tukune tekan Arab
•> Prengus ambune yen di campur iwak babat
•> Masio tresno ku mung modal abab
•> Nanging bakal tak buktike lewat ijab

•> Weruh preman tattone gambar setan
•> Setan sundel bolong mangane sambel trasi
•> Saiki jaman jare wes kemajuan
•> Saben uwong cekelane Blekberri

•> Lungo Jakarta numpak kapal ferri
•> Lewate Pati supoyo dwit iso ngirit
•> Ojo bangga dupeh cekelan mu blekberri
•> Mergo saiki jamane android

•> Gunung galunggung tukul wit gedang
•> Awake lungkrah mergo mangan klopo
•> Ora usah bingung yen kowe bujang
•> Kerjo sing nggenah urip di toto

•> Jupuk arit gawe ngethok papan
•> Lungguh ndodok ketok kelek'e
•> Umpomo urip wis iso mapan
•> Di jamin wong wedhok moro dhewe

•> Lungo magetan sangu saos tiram
•> Enek manuk emprit wulune bolong
•> Nonton bal balan Indonesia lawan Vietnam
•> Nganti 120 menit skore kosong kosong

•> Kathok bolong kathoke Pak Menteri
•> Menteri nganggo kopyah wernane abang
•> Skor kosong kosong di lanjut adu penalti
•> Nanging Alhamdulillah akhire Indonesia menang

•> Mangan tebu kulite nempel ning krah
•> Tebune siji rasane koyok banyu klopo
•> Dino minggu hawane cerah
•> Ngene iki kowe nembe opo

•> Ngombe gempol regane mung satus
•> Seger rasane masio enek kecute
•> Sing njempol lan koment status
•> Tak dongake lancar rejekine

•> Weteng ngeleh mangan brutu
•> Brutune loro di rubung coro
•> Ketemu meneh karo malem minggu
•> Sing rumongso jomblo langsung ngegalao

•> Kewan coro kulite kok ijo
•> Weruh wong alim ngombe es
•> Rumongso galao mergo jomblo
•> Jupuk hp dual SIM bales balesan sms

• Enek prawan mangan godhong kemangi
• Godhonge garing di peme ning kawat
• Uwes awan akeh sing durung tangi
• Nembe iling jebul mau bengi malem jumat

• Marut klopo cacahe siji
• Klopo mudo di pangan kirik
• Embuh opo sing di lakoni
• Kamare tonggo podho brisik

• Taplak ijo gawe mbungkus semongko
• Kulite nglothok regane larang
• Golek bojo ojo sembrono
• Ojo koyok wong tuku brambang

• Kadal ijo nemplok ning krah
• Kadale siji lambene perot
• Golek bojo sing sholekhah
• Sing pinter ngaji ora ngumbar aurot

0 komentar:

Posting Komentar

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...

Recent coment

Followers