« »
« »
« »
puteragentan

Jumat, 11 Oktober 2013

PARIKAN JAWA 1

•> Ngombe kolak di jampur madu
•> Di campur madu ndog'e selikur
•> Paling penak nduwe bojo lemu
•> Wayah turu iso ngirit kasur

•> Awak kuru kakehan mangan lontong
•> Lontong di emut mergo di kiro pralon
•> Bojo lemu ke gedhen bokong
•> Sekali ngentut ngalahke sworo klaksonti

•> Gunung galunggung pucuke ijo
•> Enek mejo di peme pas wanci awan
•> Ati bingung milih golek bojo
•> Pilih rondo opo pilih prawan

•> Meres klopo di campur brambang bawang
•> Tuku clono cacahe telulas iji
•> Masio rondho anake sak gudang
•> Yen kadung tresno mau apa lagi

•> Nyambel trasi di campur buah duku
•> Pedes rasane mambu banyu peceren
•> Wanci wes wengi durung iso turu
•> Njupuk hape langsung onlen

•> Godhong kemangi di pangan panda
•> Panda siji midhak tembelek
•> Onlen wengi muter muter beranda
•> Sopo ngerti enek cewek isih melek

•> Abang-abang dukure lambe
•> Ngecap untune ketatap krepyak
•> Ngaku bujang bojo gak duwe
•> Dadak putune sak taek'e Dayak

•> Lambe mengo untune njepat
•> Ngemuti permen permen'e karet
•> Putune songo ditinggal minggat
•> Sing papat ngamen sing limo nyopet

•> Saiki lagi ngetren wong mangan waluh
•> Waluh campur klopo di remet remet
•> Saiki senen tanggale telungpuluh
•> Tanggale tuwo marake sirah mumet

•> Peyek di remet di simpen ngisor mejo
•> Mejo di gembok sing cacahe enek telu
•> Sirah mumet mergo tanggale tuwo
•> Jeblesno tembok nganti sak kemeng mu

•> Nonton tinju korsine morat marit
•> Karo mangan duku cacahe sewelas
•> Jaman soyo maju podho nganggo android
•> Nanging aku isih nganggo tiga tiga limabelas

•> Isuk isuk linggih marake kroso loro ati
•> Ngombe banyu klopo mangane serabi
•> Yen hapemu ora canggih ojo cilik ati
•> Penting isih iso gawe nonton Miyabi

•> Nggraji kayu nganti wanci awan
•> Kesel rasane mergo ora leren
•> Dino minggu ora enek gawean
•> Njupuk hape langsung onlen

•> Enek kerdus gawe wadah dele
•> Njupuk karung gawe wadah duren
•> Pingen nyetatus ora nduwe ide
•> Timbang bingung mending absen

•> Udan deres sirahe ngelu
•> Ngiyup ning pasar tuku lombok sekilo
•> Atine ngenes mergo malem minggu
•> Ora nduwe pacar rasane galao

•> Lombok sekilo pucuke di bakar
•> Pedes rasane di ombeni banyu aki
•> Rasane galao ora nduwe pacar
•> Nduwe hape isone di sawang lan di krikiti

0 komentar:

Posting Komentar

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...

Recent coment

Followers