➽ Lungo pasar tuku tomat
➽ Tuku tomat regane mung sewu
➽ Ora nyadar jebul saiki malam jumat
➽ Malam jumat wayahe sunah rosul
➽ Weteng luwe mangan klopo
➽ Mangan pelem kulute abang
➽ Nduwe lambe yen ngomong di jogo
➽ Asal nyangkem njaluk di jejeli kembang
➽ Pitik kluruk sirahe manthuk-manthuk
➽ Kluruk ping siji marake sirah ngelu
➽ Isuk isuk mripat isih kroso ngantuk
➽ Ngombe kopi malah kliru ngombe susu
➽ Iwak bandeng marake weteng luwe
➽ Wetenge luwe mangan bakwan
➽ Ojo seneng turu sore
➽ Mergo turu sore bakal di cokot perawan
➽ Tuku nanas di gawe es kolak
➽ Wetenge ngeleh mangan serabi
➽ Hawane panas gorokan ngelak
➽ Penak ngombe es teh di campur roti
•> Weruh kerang kulite ireng
•> Kulite ireng di buwak ning watu
•> Indonesia menang ati melu seneng
•> Saking seneng aku langsung mlayu
•> Nggelar kloso ngisor wit randu
•> Karo mangan nanas olesan trasi
•> Dino seloso tanggale wolu
•> Hawane panas ngombe banyu di campur kopi
•> Mambu wangi ambune kalong wewe
•> Wewene manak cacahe telu
•> Wanci wengi wetenge luwe
•> Paling penak mangan roti bolu
•> Kerjo nguli mangane trimo arem arem
•> Arem arem siji regane mung sewu
•> Wanci wes wengi mripat ora iso merem
•> Penak nggawe kopi di campur susu
•> Nyekel kodok sing ati ati
•> Kodok'e telu nanging mati siji
•> Wong wedok jaman saiki
•> Weruh FU hawane ngrikiti untu
•> Ngombe banyu putih rasane makplong
•> Gelase bolong di buwak ning ratan
•> Nadyan wes sugih ojo njuk sombong
•> Mergo wong sombong koncone setan
•> Ngisor mejo ono ulone
•> Sanding larakan ngisor wit pelem
•> Bendino kerjo gak ono lerene
•> Mending parikan ben iso mesem
•> Ciblok ning kalen mergo weteng luwe
•> Mangan duren entek nganti kilonan
•> Sing wes onlen seko ngendi wae
•> Cobak'o absen lewat parikan
•> Demok tlutuh tlutuhe wit jati
•> Karo klekaran mergo wetenge ngelih
•> Jam sepuluh wancine tansoyo wengi
•> Sing pacaran wes podho mulih
•> Mangan gorengan marake weteh ngelih
•> Nggoreng ceker wernane dadi ijo
•> Sing pacaran wes podho mulih
•> Sing jomblo lan eLDeeR kit mau plonga plongo
•> Weteng ngeleh ngombe jamu
•> Gelase teles di isi kacang ijo
•> Ketemu meneh karo malem minggu
•> Dino sing ngenes kanggone sing jomblo
•> Lungo pasar tuku kain pel
•> Mangan ceker ora enak rasane
•> Sing nduwe pacar siap siap apel
•> Sing eLDeeR siap ngapeli hape
•> Weruh beruk kejegur kalen
•> Beruke limo ngombe kopi tubruk
•> Isuk isuk wes semangat onlen
•> Weruh konco sayang sayangan ning pesbuk
•> Marut klopo karo mangan krupuk
•> Klopo di taleni di gawe bumbu kolak
•> Weruh konco sayang sayangan ning pesbuk
•> Ngono kuwi opo yo penak
•> Candi Prambanan madep'e wetan
•> Lewat dalan mampir ing gubuk
•> Saiki jaman jare wes kemajuan
•> Iso cinta cinta'an lewat pesbuk
•> Weruh kirik buntute ojo di idak
•> Kudu di cekeli supoyo ora keplintir
•> Jaman dhisik tresno di tolak dukun bertindak
•> Jaman saiki tresno di tolak pesbuk di blokir
•> Mangan timun sambele trasi
•> Budhal ning sawah angu dwit satus
•> Aku gumun bocah jaman saiki
•> Saben duwe masalah sindir sindiran status
•> Budal sekolah lali ora adus
•> Kecut ambune koyok manuk emprit
•> Nduwe masalah ora usah sindir sindiran status
•> Parani omahe gawakno arit
•> Mepe gêreh ning nduwur kayu
•> Njupuk godong kates di gawe jamu
•> Iki kabeh mergo salah mu
•> Weteng kempes di gawe lemu
•> Enek kirik ngombene jamu
•> Jamu paitan asale seko godhong klopo
•> Isih cilik wetenge wes lemu
•> Mbesuk yen lairan meh di pakani opo
•> Godhong talas ora enak ambune
•> Di pangan garangan sing wernane ireng
•> Wes jam rolas wetenge kroso luwe
•> Pingen manga jangane durung mateng
•> Godhong koro ijo wernane
•> Pucuke kotor oyote ora urip
•> Timbang soro ngempet weteng luwe
•> Mangan oseng karburator iso dadi alternatip
•> Godhong kemangi ambune marem
•> Wetenge luwe malah ngombe madu mongso
•> Wanci wes wengi mripat ora iso merem
•> Mikirke kowe sing di pikir ora rumongso
•> Peyek di remet dadi ajur bentuke
•> Peyek'e limo di simpen njero peti
•> Timbang mumet mikirke kowe
•> Mending golek liyo sing iso nentremke ati
0 komentar:
Posting Komentar