• Numpak jengki di salip Mercy
• Tak pancal dewe koyok arep rally
• Jaman saiki jare usum Blackberry
• Sopo sing gak duwe jare gak
trendy
• Jupuk klopo nibani wit pari
• Cacahe siji di buntel kapuk
• Jare sopo blackberry trendi
• Timbang blackberry mending bleckCrupuk
• Kerjo mande bayarane murah
• Rokok diwehi mangan gratisan
• Urip dewe nang ati bungah
• Cuman yen bengi gak iso dolanan
• Iwak teri di gawe janganan
• Kecampur kawat mmbune kerang
• Saben wengi ora iso dolanan
• Kadung gak kuwat cepitno lawang
• Layangan pedhot nandi mbuh parane
• Ono sing nyekel dadi gelo atine
• Dagelan sardot onone neng PeDeWeJe
• Moco kepingkel pingkel mergo guyonane
• Lungo nyang ponorogo nglewati
jember
• Di enteni neng pasuruan karo lek parmin
• Sopo wonge sing podho dadi member
• Mesti penasaran ngenteni ceritane
admin
• Areng garing podho ajur mumur
• Turah telu di bungkus wadahe semen
• Sugeng enjing poro sedulur
• Bocah ayu & bagus monggo wayahe absen
• Krusak krusuk tibakne ulo
• Nyangkrang anteng ojo di uthik
• Saben isuk nglinguk ng jendelo
• Nyawang juminten ngumbahi jarik
• Mikir awak san soyo kuru
• Adol duren go tuku odol
• Saben bengi sardot ra iso turu
• Mbayangke juminten sing cetar membahenol
→ Sambel trasi lawuhan bothok cuyu
→ Pancen kemroso naliko weteng luwe
→ Golek sensasi opo pancen ora payu
→ Pacare konco di embat dhewe
→ Tuku koco regane mung slawe
→ Wernane biru kanggo bahan gelas
→ Pacar konco di embat dhewe
→ Ngono iku jenenge nggragas
- Buah jeruk di gawe wedangan
- Jeruke layu di ombe wayah udan
- Isuk isuk aku nggawe parikan
- Parikan lucu tur rodhok edan
- Lambe mecucu di capit cuyu
- Capite cuyu wernane biru
- Lucu ora lucu kudu guyu
- Yen ora guyu tak sawat watu
- Nganggo clono kelire biru
- Biru tuwo rodhok semu semu
- Aku tresno marang sliramu
- Dening opo kowe isih ragu
- Jupuk ondho menek wit jambu
- Wijine jambu di selehke mejo
- Dhewe'e kondho jare ora ragu
- Nanging aku di kongkon ngoco
0 komentar:
Posting Komentar